Tuesday, 7 April 2020

Kunci Jawaban lan pembahasan olah kalantipan kaca 28-33 ing Lintas Jatim





Assalamu'alaikum, Niki kunci jawaban lan pembahasan olah kalantipan lintas Jatim ing kaca 28-33. 
1. Wangsulan C, 
Amarga ing opsi C iku aksara murda Ga, Na, Ta. Sak liyane opsi C iku ana murdane nanging kecampuran aksara liyane. 
2. Wangsulan E,
Amarga ing opsi E ana aksara swara A wacane tembunge "Amerika". Opsi liyane ora ana aksara swara. Opsi A wacane "Festival", opsi B wacane "Jakarta", opsi C wacane "Bandung", opsi D wacane "Mojokerto".
3. Wangsulan B,
Amarga ing tembung Venezuela, ana Aksara VA sing diwenehi sandhangan taling. Lan aksara rékan iku wujude mung 5 yaiku Va/fa, Gha, Kha, Za, Dza. Opsi selain B ora ana kelima aksara iku. 
4. Wangsulan D, *Tulung Koreksi iku tanda péngkal diubah dadi pasangan aksara NYA*
Amarga opsi A wacane pancen nyata tenanan, opsi B wacane pancen nyata tetemenan, opsi C wacane pancen nyata tenan, opsi D pancen nyata temenan (sesuai jalukane soal), opsi E pancen nyata tenan.
5. Wangsulan B, 
Amarga aksara Jawa  ing soal wacane "kembang lombok arane..." Saengga wangsulan paling bener yaiku "Menik" ana ing opsi B. Opsi A wacane ingklik, opsi B wacane Menik, opsi C wacane Glagah, opsi D wacane sinuwun, opsi E wacane ketheker.
6. Wangsulan C, 
Amarga ing opsi A wacane banjur digawa lunga, opsi B wacane banjur digawa mulih, iso C wacane banjur digawa bali (sesuai jalukane soal. Lan panulisane tembung banjur sing bener yaiku migunakake aksara NYA "Banyjur" amarga NA paten ing tengah ketemu JA/CA ing tengahing tembung), opsi D wacane banjur digawa bali (ananging tembung banjur, aksara NA kudu diganti NYA amarga ing tengahing tembung, saengga luwih becik opsi C sing migunakake aksara NYA), opsi E wacane banjur digawa lunga (opsi E mirip karo opsi A. Nanging panulisan banjur sing cocok iku kudu migunakake aksara NYA "Banyjur").
7. Wangsulan E, 
Amarga wacane opsi E sesuai jalukane soal, wacane yaiku Marjito leyeh - leyeh karo nonton tivi. 
8. Wangsulan A,
Amarga kembang jambu iku arane karuk. 
Opsi A wacane Karuk, opsi B wacane Mayang, opsi C wacane kecuwis, opsi D wacane besengut, opsi E wacane Dlongop.
9. Wangsulan C, 
Amarga kembang blimbing iku arane maya. Opsi A wacane Manggar, opsi B wacane kadi, opsi C wacane Maya, opsi D wacane Mayang, opsi E wacane Seneng.
10. Wangsulan D, 
Amarga opsi A wacane Ahmad Rafi Nurfauzai (aksara ing tembung Ahmad haruse aksara A ne migunakake aksara Swara A), opsi B wacane Ahmad Rafi Nur Faudai, opsi C wacane Ahmad Rafi Nur Faudi, opsi D wacane Ahmad Rafi Nur Fauzi (sesuai jalukane Soal), opsi E wacane Ahmad Rafi Nur Faudi (podo karo opsi C nanging béda penulisan aksara swara lan aksara nglegena ing tembung "Ahmad")
11. Wangsulan E, 
Amarga aksara rekan wujudu ana 5 Fa/Va, Gha, Dza, Za, Kha iku namung ana ing opsi E yaiku Fahri Hamzah. 
12. Wangsulan B,
Amarga wacane soal yaiku "Sadumuk bathuk sanyari ..." Opsi A wacane driji, opsi B wacane Bumi (sing paling bener), opsi C wacane kali, opsi D wacane geni, opsi E wacane Siji.
13. Wangsulan E,
Amarga aksara murda wujude ana 8 yaiku Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, Ba. Ana ing opsi kabeh wangsulan Temanggung, Kutoarjo, Sleman, Bondhowoso kajaba yaiku opsi E "Cianjur".
14. Wangsulan D,
Amarga Rekan wujude ana 5 yaiku Fa/Va, Gha, Za, Dza, Kha. Opsi kabeh wangsulan ana aksara rekan Zumi Zola, Nurul Fajar Fitriati, David Armandoni, Feri Jatmiko. Kajaba opsi D "Ahmad Ismadi" sing ora migunakake aksara Rekan 
15. Wangsulan A, 
Amarga aksara Murda wujude ana 8 yaiku Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, Ba kabeh opsi wangsulan migunakake aksara Murda yaiku Yunani, Palestina, Alaska, Vietnam. Kajaba opsi A "Jerman" sing ora migunakake aksara Murda.
16. Wangsulan A,
Amarga ing soal sing migunakake aksara Jawa wacane yaiku "ibukota provinsi Jawa Tengah yaiku ..." Ibu kota Jawa tengah Semarang. Opsi A wacane Semarang, opsi B wacane Surabaya (ibu kota Jatim), opsi C wacane Jakarta (ibukota negara), opsi D wacane Bandung (ibu kota Jabar) , opsi E wacane Denpasar (ibu kota Bali).
17. Wangsulan B, 
Amarga ing soal sing migunakake aksara Jawa wacane yaiku "Tepungku karo Ani, Sing Jeneng wutuhe Ani Siswanti Laksitorukmi patang taun kepungkur. Melu bareng tes mlebu kampus ku ing Bale Diklat Srondol."
Jeneng lengkape Ani sing wutuh yaiku Ani Siswanti Laksitorukmi. Sesuai karo opsi B.
18. Wangsulan A, 
Amarga ing soal sing tulisane aksara Jawa wacane "anak kodhok arane ... " Anak kodhok arane precil. Opsi A wacane precil, opsi B wacane piyik, opsi C wacane kuthuk, opsi D  wacane tobil, opsi E wacane Cempe
19. Wangsulan D, 
Amarga ing soal sing gkatulis migunakake aksara Jawa wacane yaiku "Sajroning selapan dina wis kaping telu Bambang ditekani pawongan kang nyandhang cara prajurit Kraton nitih kreta kudha."
Sing ditekani pawongan kang nyandhang cara prajurit kraton yaiku Bambang. Opsi A wacane Basuki, opsi B wacane Budi, opsi C wacane Burhan, opsi D wacane Bambang (cocok karo jalukane soal), opsi E wacane Pandu.
20. Wangsulan C, 
Amarga kabeh opsi kagolong dasanamane kembang kajaba opsi C. Opsi A wacane Puspa, opsi B wacane Sekar, opsi C wacane Kartika, opsi D wacane Padma, Opsi E wacane Puspita
21. Wangsulan B,
Amarga ing soal wacane "Zahra Novita Maharani". 
22. Wangsulan E, 
Amarga opsi E migunakake aksara murda GA.
Opsi A wacane Ngastina, opsi B wacane Ngayodya, opsi C wacane Ngalengka, opsi D wacane Cempala, opsi E wacane Ngawangga
23. Wangsulan D, 
Amarga wacane ing soal "Godhong Gedhang garing arane ..." Godhong gedhang garing arane klaras. Opsi A wacane Ujungan, Opsi B wacane Pupus, opsi C wacane Janur, opsi D wacane Klaras (sesuai jalukane soal), opsi E wacane Blarak.
24. Wangsulan E, 
Amarga ing soal wacane "ing ngisor iki bangsane kewan raja kaya, kajaba ..."
Opsi A wacane bebek,  opsi B wacane pitik, opsi C wacane Wedhus, opsi D wacane Sapi, opsi E wacane Cecak. 
25. Wangsulan C, 
Amarga opsi A wacane Kucing rembes liwat kene (panulisan kene haruse nganggo taling tarung ampun pepet), opsi B wacane kucing rembes liwat kana. Opsi C wacane kucing rembes liwat kene (sesuai jalukane soal. Lan panulisane tembung "kene" leres migunakake taling tarung), opsi D wacane kucing rembes liwat kene (wanda re ing tembung rembes haruse migunakake taling tarung ampun uni swara pepet), opsi E wacane kucing rembes liwat kene (wanda re ing tembung rembes haruse migunakake taling tarung ampun uni swara pepet).
26. Wangsulan B, 
Amarga opsi A wacane pancena beda karo liyane. Opsi B pancen beda karo liyane (sesuai jalukane soal. Lan panulisane "pancen" leres migunakake aksara NYA dipaten nganggo aksara CA), opsi C wacane pancen beda karo liyane (ora bener amarga panulisane tembung "pancen" ora migunakake aksara NYA), opsi D wacane pancen beda karo liyane (unine sing haruse migunakake taling tarung aja digawe pepet ing tembung "beda" lan "liyane"). Opsi E wacane pancen bedha karo liyane (ing soal sing dijaluk tembung "beda" dudu "bedha")
27. Wangsulan E, 
Amarga aksara murda wujude ana 8 yaiku Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Gak, Ba. Kabeh opsi gunakake aksara Murda yaiku Jakarta, Surabaya, Palangkaraya, Pontianak. Kajaba Opsi E yaiku Aceh.
28. Wangsulan C, 
Amarga ing crita pawayangan Dwarawati iku kratone ing Prabu Kresna. Opsi A wacane Prabu Dasamuka, opsi B wacane Prabu Duryudana, Opsi C wacane Prabu Kresna (sesuai jalukane soal), Opsi D wacane Raden Werkudara, opsi E wacane Raden Janaka.
29. Wangsulan E, 
Amarga opsi A wacane Raden Aswatama satriya ing Plangkawati, opsi B wacane Raden Anoman satriya ing Plangkawati, opsi C wacane Raden Udhawa satriya ing Plangkawati, opsi D wacane Raden Irawan satriya ing Plangkawati, opsi E wacane Raden Abimanyu satriya ing Plangkawati (sesuai jalukane soal).
30. Wangsulan B, 
Amarga wong tuwa njaluk Wuruk marang wong enom iku unen unene pada karo kebo nusu gudel. Opsi A wacane Criwis Cawis, opsi B wacane Kebo nusu gudel (sesuai jalukane soal), opsi C wacane Ajining raga saka busana, opsi D wacane Ajining dhiri saka lathi, opsi E Wacane kebo kabotan sungu. 

0 comments:

Post a Comment