Monday, 19 April 2021

PAUGERAN TEMBANG MACAPAT





Ing kabudayan Jawa ana karya sastra Jawa kang adiluhung. Salah sijine Tembang macapat. 

Tembang Macapat (TM) yaiku :
*Tembang kang nggambarake uripe manungsa wiwit alam kandhungan nganti alam kubur dibungkus mori 
*Jinise ana 11
*Nduweni Guru Gatra (GG), Guru Wilangan (GW), Guru Lagu (GL)
*Laire ing jaman Wali Sanga
*Kanggo sarana dakwah


Jinis lan paugeran ( patokan) tembang macapat
Jinis TM ana 11, Paugerane TM ana Guru Gatra (GG), Guru Wilangan (GW), Guru Lagu (GL)

GG yaiku cacahe Gatra saben Sapada 
Cara nemtukake : Itung jumlah baris/larik sak paragraf/bait. 
GW yaiku cacahe Wanda saben sagatra
Cara nemtukake : Itung jumlah wanda/suku kata sak baris/larik
GL yaiku Tibaning swara saben sagatra ing bagian akhir
Cara nemtukake : Tulis swara ing bagian akhir bagian baris/larik

Tuladha 
TM Pocung 12u, 6a, 8i, 12a 
GG : 4 
GW : 12, 6, 8, 12
GL : u, a, i, a
Maskumambang 
TM kang nggambarake urip manungsa ing alam rahim/kandhungan
GG : 4
GW GL : 12i, 6a, 8i, 8a
Mijil 
TM kang nggambarake laire manungsa (bayi)
GG : 6
GW GL : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
Sinom
TM kang nggambarake manungsa isih enom. akeh cita cita lan pangarep arep golek ilmu sak akehe.
GG : 9
GW GL : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Kinanthi
TM kang nggambarake manungsa Urip butuh tuntunan sing bener. Supaya cita citane bisa kawujud.
GG : 6
GW GL : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Asmarandana
TM kang nggambarake wong sing lagi Gandrung katresnan.
GG : 7
GW GL : 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
Gambuh
TM kang nggambarake manungsa mbangun rumah tangga.
GG : 5
GW GL : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Dhandhanggula
TM kang nggambarake uripe manungsa nalika makmur, sejahtera. Cukup sandang, pangan, papan kanggo sak kulawarga.
GG : 10
GW GL : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
Durma
TM kang nggambarake manungsa dermawan marang sapadha.
GG : 7
GW GL : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
Pangkur
TM kang nggambarake manungsa nyingkirke hawa napsu (tobat)
GG : 7
GW GL : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Megatruh
TM kang nggambarake pisahe ruh saka raga (mati)
GG : 5
GW GL : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
Pocung
TM kang nggambarake kahananane manungsa nalika ana ing alam kubur dibungkus mori.
GG : 4
GW GL : 12u, 6a, 8i, 12a


1 comment:

  1. Titanium Dive Knife | Home - TITIAN BAY
    Discover a titanium i phone case new technique and knife. The galaxy watch 3 titanium Ultimate Guide to Improving Your gr5 titanium Shooting with a ion titanium hair color TITIAN BAY. This guide will teach you how to make the titanium easy flux 125 amp welder best of $5.00 · ‎In stock

    ReplyDelete