Monday, 4 May 2020

Tembang Macapat lan Kawruh Basa





Ing kabudayan Jawa ana karya sastra Jawa kang adiluhung. Salah sijine Tembang macapat. 

Tembang Macapat (TM) yaiku :
*Tembang kang nggambarake uripe manungsa wiwit alam kandhungan nganti alam kubur dibungkus mori 
*Jinise ana 11
*Nduweni Guru Gatra (GG), Guru Wilangan (GW), Guru Lagu (GL)
*Laire ing jaman Wali Sanga
*Kanggo sarana dakwah


Jinis kan paugeran ( patokan) tembang macapat
Jinis TM ana 11, Paugerane TM ana Guru Gatra (GG), Guru Wilangan (GW), Guru Lagu (GL)

GG yaiku cacahe Gatra saben Sapada 
Cara nemtukake : Itung jumlah baris/larik sak paragraf/bait. 
GW yaiku cacahe Wanda saben sagatra
Cara nemtukake : Itung jumlah wanda/suku kata sak baris/larik
GL yaiku Tibaning swara saben sagatra ing bagian akhir
Cara nemtukake : Tulis swara ing bagian akhir bagian baris/larik

Tuladha 
TM Pocung 12u, 6a, 8i, 12a 
GG : 4 
GW : 12, 6, 8, 12
GL : u, a, i, a
Maskumambang 
TM kang nggambarake urip manungsa ing alam rahim/kandhungan
GG : 4
GW GL : 12i, 6a, 8i, 8a
Mijil 
TM kang nggambarake laire manungsa (bayi)
GG : 6
GW GL : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
Sinom
TM kang nggambarake manungsa isih enom. akeh cita cita lan pangarep arep golek ilmu sak akehe.
GG : 9
GW GL : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Kinanthi
TM kang nggambarake manungsa Urip butuh tuntunan sing bener. Supaya cita citane bisa kawujud.
GG : 6
GW GL : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Asmarandana
TM kang nggambarake wong sing lagi Gandrung katresnan.
GG : 7
GW GL : 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
Gambuh
TM kang nggambarake manungsa mbangun rumah tangga.
GG : 5
GW GL : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Dhandhanggula
TM kang nggambarake uripe manungsa nalika makmur, sejahtera. Cukup sandang, pangan, papan kanggo sak kulawarga.
GG : 10
GW GL : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
Durma
TM kang nggambarake manungsa dermawan marang sapadha.
GG : 7
GW GL : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
Pangkur
TM kang nggambarake manungsa nyingkirke hawa napsu (tobat)
GG : 7
GW GL : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Megatruh
TM kang nggambarake pisahe ruh saka raga (mati)
GG : 5
GW GL : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
Pocung
TM kang nggambarake kahananane manungsa nalika ana ing alam kubur dibungkus mori.
GG : 4
GW GL : 12u, 6a, 8i, 12a


Sasmita lan Watak Tembang Macapat
*SASMITA : Tanda secara fisik/simbol
(Sasmita lan Watak TM Lengkape cek LKS kaca 43)


Minggu Wingi akeh pitakokanan. Saka kanca kancamu. 
*Apa bedane Megatruh lan  Maskumambang? amarga Watake Padha ana sedhihe. 

Wangsulan : Cara mbedakke ne saka paugeran. Paugeran jelas beda. Penjelasan uga beda. 

* Sasmita iku apa? 
Wangsulan : Tanda secara fisik/simbol sing Isa dideleng Indra jiwa 

*TM kanggo apa? Cara mbedakake antara TM siji kan liyane? 

Wangsulan : TM  iku seni kabudayan sing nduweni nilai kang awujud tata krama, unggah unggih, Budi pekerti, wejangan, sopan santun. Asal muasale kanggo sarana dakwah supaya uripe manungsa luwih becik, kan kanggo nguri uri kabudayan Jawa. Cara mbedakene bisa ko deleng paugeran, Sasmita lan Watak. Beberapa mungkin ana watak sing Padha nanging jelas paugeran lan Sasmita ne ana bedane.

*GW lan GL kudu sesuai paugeran ora oleh luwih Utawa kurang?

Wangsulan : jelas kudu sesuai paugeran. Paugeran iku ana GG, GW, GL. Iku wes ora bisa diganggu gugat. :) 


*Paugeran otomatis nemtukake jinis Tembang macapat?

Wangsulan : jinis TM ana 11 lan 11 TM iku nduweni paugeran dhewe dhewe lan beda. Jelas paugeran iku berpengaruh karo jinis Tembang macapat. 



Wangsulan Gladhen 1
1. TM Jinise ana 11. Yaiku Maskumambang, mijil, sinom, kinanthi, asmarandana, gambuh, dhandhanggula, durma, pangkur, megatruh, pocung
2. TM nggambarake manungsa Urip ing alam kandhungan yaiku Maskumambang
3. Sasmitane TM Mijil yaiku Mijil, wijil, wiyos, medal, Sulastri
4. TM kang nggambarake kahanan manungso isih Urip enom yaiku sinom
5. Sasmitane TM Asmarandana yaiku Asmarandana, asmara, brangta, kingkin, yungyun
6. Gegambaran TM Megatruh yaiku nggambarake pisahe ruh lan ragane (mati)
7. Gegambaran TM Pangkur yaiku nggambarake manungsa kang nyingkiri hawa nepsu angkra murka
 8. TM kang nggambarake manungsa seneng weweh marang sapadha (dermawan) yaiku Durma. 
9. TM kinanthi nggambarake manungsa iku butuh tuntunan kang bener supaya Slamet uripe. 
10. Sasmitane TM Dhandanggula yaiku Sarkara, Hartati, madu, manis, gulagrawa, Tresna, dhandang.

Wangsulan Gladhen 2
1. GG : 9
     GW GL : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
     Sinom
     (Kata agama lanjutane larik terakhir)
2. GG : 6
    GW GL : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
    Kinanthi 
3.GG : 4
    GW GL : 12u, 6a, 8i, 12a
    Pocung
     (Kata laku iku lanjutane baris pertama. Kata Angkara iku lanjutane baris terakhir)
4. GG : 6 
    GW GL : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
    Kinanthi
5. GG : 4
    GW GL : 12u, 6a, 8i, 12a
    Pocung
    (Kata mapan turu lnjutne larik pertama, kata dipunkarya lanjutane larik terakhir)



KAWRUH BASA
*Tembung Kawi yaiku Tembung sing asaka saka basa Jawa kuna. Jaman saki arang keprungu
Tuladha 
Adi : becik
Arga : gunung 

*Tembung Saroha yaiku Tembung loro sing tegese pada Utawa meh Padha Dinggo bebarengan. Tegese Dadi mbangetake.
Tuladha 
Sepi mampring = sepi banget
Abang mbranang = Abang banget

*Tembung Garba yaiku Tembung loro digabung dadi satembung (1 kata) kanthi ngurangi cacahing Wanda (suku kata)
Tuladha 
Aneng = ana + ing
Sujaning = sujana + ing

*Baliswara yaiku ukara kalimat) kang Tembung tembunge (kata kayane) diwalik. Biasane ing Tembung macapat kagunaane kanggo ngepaske dong donge swara ing paugeran guru lagu. 
Tuladha 
Iku wanita >> wanita iki

*Purwakanthi swara
Tuladha >> ana awan ana pangan

*Purwakanthi Sastra 
Tuladha >> Bobot, bibit, bebet

*Purwakanthi Basa 
Tuladha >> 
rujak degan, Degane kambil ijo

*Sandhi asma yaiku jeneng utawa Aran kang disamarake. Lumrahe kanggo jenenge pengarang, Pangripta Utawa pujangga.
Tujuane : 
>> Pengarang ora kepingin mamerake jeneng asli 
>> supaya Kasil cipta karya ora gampang diaku wong liya
>> kanggo kerpigelan ngolah Tembung
Tuladha TM kang nganggo sandi asma
Rarasing kang Sekar Sarkara mrik
Den aksama Deming sang sudyarsa
Ngawikan wengkuning reh
Beraweng para ratu
Ilanga kang sesengker sarik 
Rongas Westhining angga
Gagating tyot antuk
Wartaning kang para tama
Sinung tengran sembah trus sukaning Budi
Tataning kang Carita

Cara nemtukake sandi asma ing tuladha TM ing nduwur yaiku susun Wanda ing awal larik. Berati sandi asma ing tembang ing nduwur yaiku Raden Ngabei Ranggawarsita

*Sengkalan yaiku tetengere taun kang sinandhi sarana tetembungan Utawa gambar/pepethan. Sengkalan sing ana ing TM diarani sengkalan lamba. 
Tuladha 
Sengakalan sing wujude gambar Misal ing bangunan bersejarah kata candi, gedung2 sejarah biasane ana gambar. Nah gambar iku biasane merupakan arti taun bangunan ini dibangun. 
Sengakalan lamba tuladhane 
Candraning pujangga manjing bumi
         1                  8              9          1

Nah kok bisa ana iku piye? Kudu ngerti watake angka.  
Candra iku rembulan iku watak saka angka 1 
Pujangga watak saka angka 8
Manjing watak saka angka 9
Bumi watak saka angka 1 
Iku secara jlentrehan 1891 ananging panulisan sengkalan kudu diwalik saka mburi dadine 1981. Artine taun 1981
Tuladha maneh
Ilang sirna kertaning bumi
   0        0           4            1
Ilang iku watak angka 0
Sirna watak angka 0 
Kertaning watak angka 4 
Bumi watak angka 1
secara jlentrehan 0041 anangin panulisan sengkalan kudu diwalik saka mburi dadine 1400. Artine taun 1400






0 comments:

Post a Comment